Minggu, 16 Desember 2012

Warsa Enggal Semangat Enggal

"Den enget kalawan waspada apa kang dadi ngendikanku marang sliramu le ..."
mbah Godek miwiti  geguneman ing sonten punika. Aku kang gur bisa manggut-manggut lan ndomblong ngrungokke ngendikane simbah sore iki sinambi tanganku nggrayah telo goreng ana ing nampan ngarepku.

Simbah banjur neruske " Sliramu wus gedhe ora bocah bayi maneh wis isoh mangerti golek endi perkara becik lan endi ingkang ala, ora koyo biyen sliramu nalika cilik brangkangan pethuk mbelek trus mbok incuk banjur mbok jejelke ana lambemu." Ngendikane simbah kro mesem lan nglirik lehku mangan.

"Iki wus mulai tahun anyar lho le. ngerti opo maknane?" Simbah matur karo nggrayah sak njupuk slepen banjur nglinting mbako.

Aku iseh ngentekke telo sing ana tangan karo sinambi ngenteni ngendikane simbah. 
Creekkk creekk creekkk... simbah  nyumet udud karo ancang-ancang meh ngendika 
 "Tahun anyar kudu didasari pamawas diri banjur lagi nata gegayuhan. Ora mung gegayuhan thok sing di agul-agulke. Kabeh dilampahi kanti laku bagus. Apa kang wus den lampahi ana ing tahun kepungkur, minangka guru lan ancik-ancik kanggo nglakoni taun sing bakal lumaku, kanti dasar mangkono mau mugi-mugi Gusti paring Sih Kawelasan tahun ngarep luwih apik tinimbang tahun ingkang kepungkur "

 
DonkeyMails.com: No Minimum Payout